B. Daerah

Pertanyaan

A. Gandane arum jamban
B. Polahe kaya sikatan nyamber walang
C. Lambene guwing
D Tangane cekot
E. Cilik cilik gelange karet, isih cilik aja kesed

Kalebu tembang apa

1 Jawaban

  • a. Gandane arum jamban iku kelebu panyendhu

    b. Polahe kaya sikatan nyamber walang iku kelebu pepindhan

    c. Lambéne guwing iku kelebu panyendhu

    d. Tangane cekot iku kelebu panyendhu

    e. Cilik cilik gelange karet, isih cilik aja kesed iku kelebu parikan

    Pembahasan:

    Unen-unen ing dhuwur iku kelebu jenise ragam basa rinengga. Rinengga iku dhuwe teges direngga utawa dihias. Jenise basa rinengga iku ana macem-macem, antarane ung ngisor iki.

    >> Panyandra yaiku tetembungan kang gunane kanggo ngalembana utawa muji perangane awak.

    Tuladhane panyandra ing jero ukara:

    • Bocah iku ayu tenan untune miji timun
    • Bocah iku nyenengake yen disawang, duweni alis nanggal sepisan.

    >> Panyendhu yaiku tetembungan sing digunakake kanggo nyacad.

    Tuladhane panyendhu yen dadi ukara:

    • Mesakne bocah kae, wiwit lair lambéne guwing.
    • Yen disawang kurang pantes amarga bathuke nonong.

    >> Pepindhan yaiku tetembungan utawa unen-unen gunane kanggo madakake samubarang utawa uga bisa disebut pengandaian ing basa Indonesia.

    Tuladhane pepindhan yen dadi ukara:

    • Bocah kok ora iso meneng, polahe kaya gabah diinteri.
    • Sulastri iku lakune kaya macan luwe.

    >> Parikan yaiku unen-unen sing perangane kedadean saka sampiran lan isi.

    Tuladhane parikan:

    • Kupat duduhe santen, wonten lepat nyuwun pangapunten
    • Godhong cipir mrambat kawat, senajan ora mampir nanging wis liwat

    Pelajari lebih lanjut >>

    • Materi basa rinengga => https://brainly.co.id/tugas/17788091
    • Materi panyandra => https://brainly.co.id/tugas/39980842
    • Materi basa rinengga => https://brainly.co.id/tugas/37281628

    =============================================================

    Detail Jawaban

    Kelas: V

    Mapel: Bahasa Daerah - Bahasa Jawa

    Bab: Basa rinengga

    Kode soal: 13

    [tex] \: [/tex]

    #AyoBelajar

Pertanyaan Lainnya