IPS

Pertanyaan

Tahukan kamu tentang isi ramalan jayabaya? Coba cari tahu jawabannya!

1 Jawaban

  • Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
        Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi.
        Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.
        Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.
        Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara.
        Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
        Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
        Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.
        Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal.
        Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki.
        Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman--- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik
        Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.
        keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe--- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
        Manungsa padha seneng nyalah--- Orang-orang saling lempar kesalahan.
        Ora ngendahake hukum Hyang Widhi--- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
        Barang jahat diangkat-angkat--- Yang jahat dijunjung-junjung.
        Barang suci dibenci--- Yang suci (justru) dibenci.
        Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit--- Banyak orang hanya mementingkan uang.
        Lali kamanungsan--- Lupa jati kemanusiaan.
        Lali kabecikan--- Lupa hikmah kebaikan.
        Lali sanak lali kadang--- Lupa sanak lupa saudara.
        Akeh bapa lali anak--- Banyak ayah lupa anak.
        Akeh anak wani nglawan ibu--- Banyak anak berani melawan ibu.
        Nantang bapa--- Menantang ayah.
        Sedulur padha cidra--- Saudara dan saudara saling khianat.
        Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.
        Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.

        Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.
        Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil
        Akeh pangkat sing jahat lan ganjil--- Banyak pejabat jahat dan ganjil
        Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil
        Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih.
        Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
        Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu.
        Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja.
        Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.
        Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
        Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu.
        Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.
        Wong apik ditampik-tampik--- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
        Wong jahat munggah pangkat--- Orang (yang) jahat naik pangkat.
        Wong agung kasinggung--- Orang (yang) mulia dilecehkan
        Wong ala kapuja--- Orang (yang) jahat dipuji-puji.
        Wong wadon ilang kawirangane--- perempuan hilang malu.
        Wong lanang ilang kaprawirane--- Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
        Akeh wong lanang ora duwe bojo--- Banyak laki-laki tak mau beristri.
        Akeh wong wadon ora setya marang bojone--- Banyak perempuan ingkar pada suami.
        Akeh ibu padha ngedol anake--- Banyak ibu menjual anak.
        Akeh wong wadon ngedol awake--- Banyak perempuan menjual diri.
        Akeh wong ijol bebojo--- Banyak orang gonta-ganti pasangan.
        Wong wadon nunggang jaran--- Perempuan menunggang kuda.
        Wong lanang linggih plangki--- Laki-laki naik tandu.
        Randha seuang loro--- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
        Prawan seaga lima--- Lima perawan lima picis.
        Dhudha pincang laku sembilan uang--- Duda pincang laku sembilan uang.
        Akeh wong ngedol ngelmu--- Banyak orang berdagang ilmu.
        Akeh wong ngaku-aku--- Banyak orang mengaku diri.
        Njabane putih njerone dhadhu--- Di luar putih di dalam jingga.
        Ngakune suci, nanging sucine palsu--- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
        Akeh bujuk akeh lojo--- Banyak tipu banyak muslihat.
       
       

Pertanyaan Lainnya