B. Daerah

Pertanyaan

contoh geguritan karangan sendiri

1 Jawaban

  • Gawea geguritan karangan dewe!


    Jawaban

    Pendahuluan

                Basa Jawi iku salah sawijining basa ingkang katah digunakake ing telatah negari Indonesia. Suku Jawi iku sugih marang kabudayaane lan sastranipun. Sastra ing telatah tanah jawa iku sampun katah ngalami perubahan. Saking sastra Jawa Kuno, Sastra Jawa Tengahan, Sastra Jawa Baru, lan Sastra Jawa Modern. Salah sawijining sastra jawa modern yaiku Geguritan.

    Pembahasan

                  Geguritan utawa Puisi basa jawa iku salah sawijining contone sastra. Geguritan iku ora kaiket dening paugeran tartamtu kaya tembung Macapat. Cacahe larik, jumlahe pada, lan basa ingkang digunakake iku bebas. Ing ngisor iki bakal tak wenehi tuladha geguritan ingkang migunakake tema lingkungan/alam, lan keluarga.

    Tuladha 1. Geguritan Tema Lingkungan/Alam.

                                          Alamku Sampun Risak.

    Rumiyin katinggal bening lepenku.

    Sakmenika sampun reged.

    Rumiyin katinggal luhur wit-witanku.

    Sakmenika sampun telas.

    Rumiyin katinggal elok segantenku.

                     Sakmenika katinggal ala.

                     Kadung risak alamku.

                     Amarga tangan-tangan manungsa.

                     Amarga nafkah.

                     Kesupen marang alam.

    Nuwun Sewu duh Gusti.

    Becike alam ingkang Panjenengan titipaken.

    Sakmenika sampun risak.

    Tuladha 2. Geguritan Tema Keluarga.

                                         Pangorbanan Rama

    Srengenge enjang, banjur nyapa aku.

    Panjenengan dadosaken dinten menika, kangge pangorbananmu.

    Pangorbanan, kangge madosi rezki.

    Pangorbanan, kangge madosi ingkang enggal.

                     Panjenengan ajaraken makna parjuangan.

                     Panjenengan ajaraken makna kasuksesan.

                     Rama, tanpa panjenengan, aku boten bakal dados kados puniki.

                     Kekajenganku, ora mungkin bakal kegayuh.

                     Kekajengan kangge ngangsali keberhasilan.

                     Kekajengan kangge ngangsali kasuksesan.

                     Ramaku, Srengengeku.

    Kesimpulan

                Ing nduwur sakedik tuladha geguritan ngangge tema alam lan keluarga.

    Pelajari Lebih Lanjut :

    1. Geguritan tema cita-cita, waca ing https://brainly.co.id/tugas/1457928
    2. Geguritan tema pahlawan, waca ing https://brainly.co.id/tugas/17285620
    3. Geguritan tema gotong royong, waca ing https://brainly.co.id/tugas/1911433  

    Detail Jawaban

    Kelas             :  X

    Kategori         : Sastra Jawa Geguritan.

    Kode              : -

    Kata Kunci     : Tegese Geguritan, Puisi Jawa, Tema Lingkungan, Tema Alam, Tema Keluarga, Tema Ayah.

    Gambar lampiran jawaban tessy

Pertanyaan Lainnya