B. Daerah

Pertanyaan

Buatlah contoh pidato bahasa jawa yg bertema ibu...

1 Jawaban

  • Contoh Sesorah atau Pidato hari Ibu dengan Bahasa Jawa


    Assalamu ’alaikum Warahmatulaahi Wabarakaatuh. 


    Ingkang kula hurmati Bapak Ibu guru SMPN 4 Ngaglik,para staf SMPN 4 Ngaglik,ingkang kula hurmati para tamu undangan lan para kanca ingkang kula tresnani.


                Ingkang sepisan sumangga kita ngunjukaken atur puji lan syukur dhumateng Gusti ingkang maha asih,amergi sampun maringi rahmat dhateng kita sedaya.sahengga ing wekdal menika kita taksih saged kempal manunggal ing enjing menika lan saged nderek mangayu bagya mengeti dinten Ibu kanthi wilujeng nir ing sambekala.


    Para rawuh ingkang minulya,dinten ibu klebet dinten agung nasional, sahingga bangsa Indonesia saben lukar 22 Desember ngawontenaken pengetan dinten ibu. Saking menika saged kita mangertosi wigatos kaum putri lebet sugeng bermasyarakat, paling utami wonten kaluwarga. Tiyang setri wigatos sanget migunani tumrap kesugengan keluarga, ngantos kasugengan ingkang langkung wiyar sanget yaiku bangsa ugi nagari.


                Para rawuh ingkang minulya,Ibu menika priyantun ingkang wigati ing gesang kita sedaya. Labuh-lebetipun Ibu awit kita alit dumugi kita sampun kelas songo menika ageng sanget. Tresnanipun Ibu mboten kendhat wekdal. Nalika semanten, Ibu ngadut kita sedaya,tanpa ngadahi raos kesel. Nalika kita lara, Ibu ngulawentah lan ngerumat kita sedaya.Ibu tansah ndedonga mugi-mugi anakeipun saged makarya lam dipunlindungi marang Gusti Allah.


     Kanti mekaten,kita sedaya kedah ngurmati ,tresna,lan bekti marang ibu. Sampun ngantos ndamel ibu duka. Kita kedah nurut marang nasehatipun Ibu. Mila saking menika, sumangga kita sedaya sesarengan ndedunga marang Allah Swt, mugi-mugi kita sedaya dipunparingi kekiyatan kapitadosan ugi taqwa majeng Allah Swt. Mugi-mugi para ibu dipunparingi kekiyatan berjuang kagem sedaya anggota keluarga, kresaa nagari,Amiin.


    Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula,mbok bilih oten klenta-klentunipun atur,kula tansah nyuwun agungipun pangaksami.


    Wassalamualaikum Warahmatulaahi Wabarakaatuh.

Pertanyaan Lainnya